-->

Type something and hit enter

On
Cerkak Bahasa Jawa "Nyaur Utang"
Cerkak Bahasa Jawa "Nyaur Utang"

Cerkak Bahasa Jawa "Nyaur Utang" Dening Budi Utomo

Wancine bedhug tengange. Sorote bagaskara kaya ngobar kabeh isine donya. Kringet nelesi sakujur awak nalika aku nuntun pit motor sing bane kempes merga kecocog paku. Dina kuwi sajake wae aku rada apes. Dhompet saisine mrucut saka sak. Aku ora ngerti, dicopet uwong apa pancen tiba ana dalan. MuIa senajan sadawane dalan sing dak liwati akeh tambal ban, kepeksa aku tetep wae mlaku karo nyangga panase srengenge mangsa ketiga kang katon wengis.
Sawetara anggonku mlaku, aku leren. Lungguh ana ngisor wit asem sing thukul ngrembuyung pinggir dalan. Sedhela-sedhela mripatku nyawang wong-wong sing padha liwat dalan iki, menawa wae ana kanca sing bisa dak silihi dhuwit kanggo nambal ban pit motorku. Nanging sasuwene aku leren, babarpisan ora ana pawongan sing dak tepungi. Kamangka isih ana pitung kilonan meter maneh tumeka omahku.
Ora adoh saka papan anggonku ngaso, aku nyumurupi ana wong lanang tuwa lungguh trotoar kanthi ngadhep polong plastik tilas wadhah banyu mineral. Dheweke babar pisan ora nggape marang panase swasana Rambute sing putih memplak cengkah karo kulite sing ireng njanges.
Ana rasa trenyuh ing atiku nyawang kahanan wong tuwa kuwi. Mesthine dheweke wis kudu leren ana ngomah, jebul nyatane isih panggah nyambut gawe najan mung dadi wong njejaluk ing pinggir dalan.
“Sepi, mbah?” bocah wadon udakara umur sangang taun nyedhaki wong tuwa mau karo pitakon. Mbahne ora enggal wangsulan. Bocah mau dipangku karo diaras rambute kebak rasa asih. Polong plastik diulungake.
Aku mesem rungu tembunge bocah wadon mau. Pitakon kaya ngono kuwi mesthine kawektu saka bakul siji marang bakul liyane, kanggo nuduhake laris utawa orane anggone bebakulan. Nanging awan iki sing dak krungu, pitakone bocah marang mbahne.
“Limang atus rupiah. Mung iki, mbah?” bacute sawise nampani polong semu gela. “Apa cukup kanggo mangan awake dhewe dina iki?”
...Baca Selengkapnya ...





Dapatkan Cerkak Bahasa Jawa Nyaur Utang dengan format Ms. Word pada link dibawah ini :
Cerkak Bahasa Jawa "Nyaur Utang"

Click to comment