-->

Type something and hit enter

On

Cerkak Bahasa Jawa "Kaji Kafan" Dening Suryadi WS



 Cerkak Bahasa Jawa "Kaji Kafan"

Cerkak Bahasa Jawa "Kaji Kafan"


Ponakanku sing ayu dhewe, Sri Rahayu, tau kandha yen kain sing tumempel awake manungsa iku ana telu, yaiku kain gendhong, kain ihram Ian kain kafan. Kain gendhong dialami nalika iseh bayi. Lha sing loro liyane iku dadi pitakonan: dhisik endi. Dhisik ihram apa kafan. Yen dhisik kain ihram, ateges uripe kober mampir ing Masjidil Haram, thawaf ngubengi kabah, kober dhedheku marang Allah ing ngarep daleme, tobat ngakoni kabeh dosa Ian kaluputane sarta nyuwun pangayoman. Nanging yen dhisik kain kafan ya wis trima saka donya laju njujug alam kubur tanpa mampir ka’bah.


Sajake merga pengaruh omongane gendhuk cah ayu iku, aku tansah dadi kepikiran. Mula ngadhepake pensiun aku wis ancang-ancang, gagasanku: mengko pensiun oleh dhuwit taspen, arep dak enggo sangu mangkat kaji utawa umrah. Wis gembleng tenan tekadku, cekake: bubar pensiun, umrah. Iku wis manjing dadi acaraning uripku: aja nganti kain ihram kedhisikan kain kafan.wise leren lan ngombe wedang dheweke kandha:
.......Baca Selengkapnya ....



Baca Juga : Cerkak Bahasa Jawa "Nyaur Utang"

Dapatkan Cerkak Bahasa Jawa "Kaji Kafan" dengan format Ms. Word pada link dibawah ini :
Cerkak Bahasa Jawa "Kaji Kafan"

Click to comment