-->

Type something and hit enter

On
Cerkak Bahasa Jawa Koper lan Bakso Bakar Dening Erdy Priharsono


Cerkak Bahasa Jawa "Koper lan Bakso Bakar"
Cerkak Bahasa Jawa "Koper lan Bakso Bakar"




Cerkak Bahasa Jawa "Koper lan Bakso Bakar"


Angin wengi mangsa rendheng tumiyup alon ing satengahing pomahan jejel riyel pinggiran kutha. Udane isih ngrecih, njalari hawa wengi saya adhem njekut. Kahanan sepi mamring. Sing keprungu mung tumetesing banyu udan ing ndhuwur gendheng Ian kung kong swara kodhok saka blumbang kulon omah. Tardi isih krasan lungguh ing teras ngarep omah sinambi kemulan sarung brukut, pikirane nglambrang adoh.


Omongane Dasto awan mau isih nggubet rasa pangrasane. Yen kowe gelem melu aku, minggu sesuk kowe bisa enggal menyang Jakarta. Opahe Iumayan Iho,” kandhane Dasto setengah bisik-bisik.


Tardi nuli mlebu kamar, anak Ian bojone wis turu nglepus ing dhipan reyot kemulan sarung sing kelire uga wis mblandhus. Ana rasa getun ing njero atine Tardi dene nganti seprene durung bisa mulyakake anak bojo sing ditresnani. Atine Tardi saya angluh. Ning kepriye maneh, garising nasib pancen kudu nglakoni urip kaya ngene iki.
....Baca Selengkapnya ....




Silahkan jika ingin mengunduh file Cerkak Bahasa jawa Koper lan Bakso Bakar, pada link dibawah ini :
Cerkak Bahasa Jawa Koper lan Bakso Bakar

Click to comment