-->

Type something and hit enter

On

Cerkak Bahasa Jawa "Nalika Aku Mulih"

Metu saka regol pakunjaran iku rasane dhadhaku dadi mak plong, lega tenan. Pindhane manuk jalak sing sekawit diingu ing kurungan, dumadakan diculake ing pategalan. Bebas lepas, kandhang langit kemul mega, lemek gegodhonganing wit kang ijo seger gumelar ing sajembaring bumi, kanthi mardika miber saka wit siji marang sijine karo nglirak-nglirik mbok menawa ana pangan kang bisa dicucuk. Upama darbe elar, mbok menawa aku uga kaya manuk jalak iku: kepengin miber keklabak mrana-mrene, sawise telung taun njingkrung ing pakunjaran.
Cerkak Bahasa Jawa "Nalika Aku Mulih"
Cerkak Bahasa Jawa "Nalika Aku Mulih"
Biyen nalika aku budhal saka omahe guruku mbah Wangsa Kanthil disangoni gaman Ian ngelmu kanuragan, aku yakin banget yen anggonku nglakoni dadi maling ora bakal tau kecekel. Nanging ana bebasane wong tuwa: sapinter-pintere penekan, kethek iku ya sok tiba. Kaya aku iki, sapinter-pintere maling akhire ya kecekel.
Sawuse dadi maling nganti meh rolas taun, lagi sepisan ing bengi iku aku rumangsa siyal tenan. Gagal lan gagal total tenan. Wis ora entuk apa-apa kathik kecekel pisan. Digebugi wong akeh nganti babak belur. Tujune njur ana pulisi teka. Aku cepet diamanake saka amukane wong akeh, digawa menyang tahanan pulisi.
Kedadeyan sateruse saben wong wis ngerti: aku diadili ing kantor pengadilan, Ian keputusane diukum ing pakunjaran. Telung taun dak lakoni ing jero pakunjaran iku kanthi ati kelara-lara. Mesthi wae kabeh sing ana kono iku durjana, embuh maling, embuh tukang copet, embuh tukang jambret kaya aku iki, Ian jinis wong elek-elek liyane. Nanging ana wong siji sing beda karo Iiyane, wonge sumeh nanging arang guneman. Saben dina mung ngetung-etung tasbeh karo lambene umak-umik dikir. Kanca-kanca liyane mung nglirak-nglirik sajak ngece marang wong iku, nanging ora ana sing nggenahake apa sababe dheweke duwe patrap mengkono.
......Baca Selengkapnya ....





Dapatkan Cerkak bahasa jawa "Nalika Aku Mulih" format Ms. Word pada link di bawah ini :
Cerkak Bahasa Jawa "Nalika Aku Mulih"


2 komentar

avatar

ini nama pengarangnya siapa ya min

Click to comment