-->

Type something and hit enter

On
Cerkak Bahasa Jawa "Wong Lanang"
Cerkak Bahasa Jawa Wong Lanang, ini mengisahkan persoalan kehidupan rumah tangga, adalah Mardi dan Narti, Cerkak Bahasa Jawa dengan judul Wong Lanang ini menggambarkan kehidupan rumah tangga yang sederhana layaknya di pedesaan. 
Mardi dan Narti memang pada awal perkenalannya tidak di sengajar, Narti adalah adik kandung dari temannya Mardi. Ketika itu Mardi sering berkunjung ke rumah Temannya yang bernama Sunarto, ternyata Sunarto mempunyai Adik perempuan yang bernama Narti, yang pada akhirnya Mardi merasa jatuh hati kepada adiknya Sunarto yaitu Narti.

"Wong Lanang" 

Mardi mesem dhewe nalika nyawang tanduran palawija ing tegale kang ledhung-ledung lemu. Ana terong, lombok lan kacang lanjaran. Nadyan isih durung kernbang, nanging kena dijagakake yen wis uwoh kena dinggo tuku cempe. Jare sisihane, rega lombok edan-edanan, Se-kilo satus ewu punjul. Pa ra edan?Saking gregeten disambati rega lombok larang, dheweke mangsuli angger nyeplos,
“Yen lombok larang ya ra usah tuku lombok Aja gelem dienggo dolanan tengkulak lombok. Ko yen akeh sing ra tuku lombok sapasar rak padha bosok! Suwe-suwe mudhun dhewe, merga kapok!”
Najan polatane mecucu, nanging Narti ora ceguk, ora wahing, ora wangsulan. Yen dipikir-pikir panemune sing lanang kok ya mathuk. Yen ra ana sing nukoni suwe-suwe rak bosok, banjur regane anjlog. Nanging watake pasar najan rega mundhak kaya ngapa, sing tuku ya manut bae. Mula para tengkulak lombok ngundhakake rega sakenake dhewe, awit padha ngerti yen mesthi payu.
Ndeleng tanduran kang ijo royo-royo, dumadakan Mardi kelingan lelakon jaman isih jaka. Ngluwari nadar yen wis lulus SMP arep dolan nyang omah Sunarto ing Dongko, Trenggalek disuguhi sega jagung jangane blendrang bung, kacang lan terong. Disandhing urap godhong kates rada pedhes keladuk asin, katutan gagang sing isih enom kathik lalapane parutan kasar agal-agal. Lawuhe gereh pethek. Kaya-kaya sadawane uripe, Mardi ra tau mangan sing enake kaya kuwi.

... Baca Selengkapnya ....



Cerkak Bahasa Jawa "Wong Lanang" dalam bentuk Ms. Word, pada link dibawah ini :
Cerkak "Wong Lanang"

Click to comment